For faster navigation, this Iframe is preloading the Wikiwand page for Gunané kopi.

Gunané kopi

Artikel iki prayogané digabung karo kopi. (Rembug)
Kopi Indonésia

Gunané Kopi kajaba pancèn mènèhi kanikmatan kanggo kang ngombé, uga duwé kasiat tumrap kaséhatan.[1] Miturut Harvard Women’s Health, ana pitu paédah kopi ya iku kanggo diabetes, kanker, sirosis, lelara Parkinson, lelara jantung, stroke, lan fungsi kognitif.[2]

Diabetes

[besut | besut sumber]

Saka 20 panalitèn kang wis dilakoni ing saubengé donya, nuduhké yèn kopi bisa nyuda résiko diabetes tipe-2 nganti tekan 50%.[2] Miturut para peneliti, kadadéan mau dinuga saka asem klorogenik kang dikandhut kopi duwé guna kanggo ngalonke penyerapan gula ing pencernaan.[2] Asam klorogenik uga bisa mancing ngrembakane GLP-1, ya iku zat kimia kang bisa nambahi produksi insulin (hormon kang ngatur penyerapan gula sajeroning sel – sel).[2] Saéngga bisa nyegah resistensi insulin, minangka pratandha anané diabetes tipe-2.[3] Zat liyané kang dikandhut kopi ya iku trigonelin (pro vitamin B3) kang uga bisa nyengkuyung kanggo ngalonke penyerapan glukosa.[2] Penelitian kang anyar nyebutke tumrap wong kang ngombé kopi 4 cangkir sadina, duwé resiko nandang diabetes tipe-2 luwih cilik tinimbang wong kang ora tau ngombé kopi.[4] Nanging kopi kang diombe ya iku kopi reguler utawa kopi ''decaf'' kanthi kadar kafein kang dikurangi.[3]

Kasil riset kanthi konsisten nuduhakè yèn kopi bisa nyuda résiko kanker hati, kanker payudara lan kanker usus besar.[2] Ngancik menopause, wanita kang ngombè kopi 4 cangkir saben dinanè duwé résiko nandang kanker payudara luwih cilik nganti tekan 38%.[3] Mangkono mau miturut studi kang kapacak ing The Journal of Nutrition.[3] Kopi ngandhut phytoestrogen lan flavonoid kang bisa nahan ngembakane tumor.[3]

Sirosis

[besut | besut sumber]

Kopi bisa uga njaga ati saka sirosis, kang utama sirosis amarga mendem alkohol.[2] Salah sijining panalitèn kang dilakoni déning para peneliti AS nuduhke yèn ngombé kopi 2 cangkir saben dinane bisa nyuda risiko kena kanker hati nganti tekan 43%.[4] Miturut Dr. Arthur Klatsky saka divisi peneliti ing Oakland, California kang nglakoni survey tumrap 125.000 wong, separone minangka pecandu alkohol.[1] Kasil panalitèn nuduhke yèn ngombé kopi sak cangkir saben dina bisa nyuda 80% risiko infeksi ati amarga mendem alkohol.[1] Kopi bisa nyaring racun saka alkohol kang ana sajeroning getih manungsa.[1] Nanging para peneliti durung bisa ngandharake bahan apa kang dikandhut kopi saéngga bisa nyaring racun alkohol.[1]

Lelara Parkinson

[besut | besut sumber]

Uwong – wong kang ngombé kopi duwé resiko luwih cilik nandang Parkinson tinimbang kang ora ngombé.[2] Kopi kang ngandhut kafein mau ora bakal ngrembakakake lelara Alzheimer lan Parkinson.[3] Kandhutan antioksidan sajeroning kopi bakal njaga sel kang ana gegayutane karo Parkinson supaya ora rusak. Déné Kafein bakal nyegah peradangan sajeroning polo, kang asring digayutake karo Alzheimer.[3]

Lelara jantung

[besut | besut sumber]

Kopi bisa nyuda resiko nandang lelara jantung.[2] miturut panalitèn kang kapacak ing Arteriosclerosis, Thrombosis, and Vascular Biology, jurnal Asosiasi Jantung Amérika ngandharake yèn adat padinan ngombé kopi lan the dinuga bisa nyuda resiko penyaki jantung.[5] Wong kang ngombé kopi 2 nganti 4 cangkir saben dinane duwé resiko 20% luwih cilik nandang lelara jantung tinimbang wong kang ngombé kopi kurang saka 4 cangkir.[5] Kopi ngandhut antioksidan kang luwih akèh tinimbang blueberry.[4] Antioksidan iku kang bisa njaga jantung uga nyuda efek rusak amarga peradangan arteri.[4] Kopi uga bisa nyuda tensi getih lan ngambakake pembuluh darah kang bakal ndadèkaké lakuné getih luwih gancar.[4]

Ngombe sak cangkir kopi saben dina bisa nyuda resiko stroke mligi kanggo wong wadon.[6] Mangkono kasil panalitèn kang dilakoni déning para peneliti saka ''Divisi Nutrisi Epideniologi, National Institute of Enviromental Medicine, Karolinska Institute ing Stockholm'', Swèdhen durung suwé iki.[6] Penelitian mau dilakoni tumrap 34.670 wanita kang umuré saka 48 taun nganti tekan 83 taun.[6] Banjur tinemu yèn wanita kang asring ngombé kopi bisa nyuda resiko nandang stroke nganti tekan 25%.[6] Mangkono uga kang tinemu miturut studi tumrap wong lanang ing Finlan.[2] Nanging sanadyan paedah kopi iku gedhé tumrap kaséhatan, diwanti – wanti supaya ora ngombé kopi kanthi luwih.[6]

Fungsi kognitif

[besut | besut sumber]

Studi tumrap 4.197 wong wadon lan 2.820 wong lanang ing Perancis nuduhke yèn ngombé kopi sawatara 3 cangkir saben dina bisa nyegah sudane fungsi kognitif polo dumadi saka umur kang saya tuwa nganti tekan 33% tumrap wong wadon.[2] Nanging paedah mau ora tinemu tumrap wong lanang amarga wong wadon luwih peka karo kafein.[2] Kopi ngandhut antioksidan kang bisa ngrewangi gancarake neurotransmitter kang bakal ningkatake kerja fungsi polo.[4]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e www.beritaterkini.asia Archived 2010-10-19 at the Wayback Machine. (diunduh tanggal 22 April 2011).
  2. a b c d e f g h i j k l majalahkesehatan.com (diunduh tanggal 22 April 2011).
  3. a b c d e f g female.kompas.com (diunduh tanggal 22 april 2011)
  4. a b c d e f kesehatan.liputan6.com (diunduh tanggal 22 april 2011)
  5. a b www.tempointeraktif.com(diunduh tanggal 22 april 2011)
  6. a b c d e kesehatan.liputan6.com (diunduh tanggal 22 april 2011)
{{bottomLinkPreText}} {{bottomLinkText}}
Gunané kopi
Listen to this article

This browser is not supported by Wikiwand :(
Wikiwand requires a browser with modern capabilities in order to provide you with the best reading experience.
Please download and use one of the following browsers:

This article was just edited, click to reload
This article has been deleted on Wikipedia (Why?)

Back to homepage

Please click Add in the dialog above
Please click Allow in the top-left corner,
then click Install Now in the dialog
Please click Open in the download dialog,
then click Install
Please click the "Downloads" icon in the Safari toolbar, open the first download in the list,
then click Install
{{::$root.activation.text}}

Install Wikiwand

Install on Chrome Install on Firefox
Don't forget to rate us

Tell your friends about Wikiwand!

Gmail Facebook Twitter Link

Enjoying Wikiwand?

Tell your friends and spread the love:
Share on Gmail Share on Facebook Share on Twitter Share on Buffer

Our magic isn't perfect

You can help our automatic cover photo selection by reporting an unsuitable photo.

This photo is visually disturbing This photo is not a good choice

Thank you for helping!


Your input will affect cover photo selection, along with input from other users.

X

Get ready for Wikiwand 2.0 🎉! the new version arrives on September 1st! Don't want to wait?