For faster navigation, this Iframe is preloading the Wikiwand page for Suèz.

Suèz

Tlatah paling lor Lempongan Suèz kanthi kutha Suèz ing peta taun 1856.
Mesir: Lokasi Suèz (dhuwur tengen).
Plabuhan Port Tawfik ing Suèz
Kapal Carducci 82 munggah dok ing Plabuhan Suèz, Maret 2006

Suèz (Arab: السويس‎‎ as-Suways) iku kutha palabuhan (populasi 497,000) ing sisih lor wétan Mesir, dumunung ing pasisir lor Lempongan Suèz, cedhak titik paling kidul saka Terusan Suèz. Kutha iki duwé loro palabuhan, Port Ibrahim lan Port Tawfiq, lan fasilitas palabuhan kang manéka warna. Ril sepur lan dalan gedhé nyambungaké kutha iki karo kutha Kairo lan Port Said. Suèz duwé pabrik petrokimia, lan refinery lenga kang kasilé dikirim liwat pipa menyang Kairo. Saka Suèz ana rèl sepur kanggo para jamaah Kaji tumuju menyang kutha Mekah.

Sajarah

[besut | besut sumber]

Ing abad kaping 7 sawijining kutha kang dumunung ing cedhak papané kutha Suèz saiki, dadi terminal sisih wétan saka kanal kang ngubungaké Kali Nil lan Sagara Abang. Ing abad kaping 16 Suèz wujud pos Angkatan Laut Turki.

Kutha iki dadi wigati nalika Terusan Suès dibuka ing taun 1869. Kutha iki ajur déning paprangan ing pungkasan taun 1960 lan wiwitan taun 1970 antara Mesir lan Israèl kang nguwasani Ujung Sinai. Kutha iki ditinggal kang ndunungi nalika kadadéan Krisis Suèz ing taun 1956. Rekonstruksi Suèz diwiwiti sawisé Mesir mbuka manèh Terusan Suèz sarampungé perang karo Israèl sasi Oktober 1973.

Terusan Suèz

[besut | besut sumber]
Artikel utama: Terusan Suèz

Wis tau ana terusan saka Delta Kali Nil menyang Lempongan Suèz ing jaman kuna, lan wis ora dipigunakaké manèh. Terusan kang ana dina iki diwangun ing abad kaping 19.

Terusan Suèz ndadèkaké lelaku liwat sagara saka Sagara Tengah menyang Sagara Abang luwih cedhak tinimbang liwat Tanjung Harapan kang kudu ngubengi bawana Afrika. Saliyané iku pangyasa Terusan Suèz diuntungaké amarga anané kaanan alam wujud dhèrètan tlaga ya iku Tlaga Manzala ing sisih lor, Tlaga Timsah lan Tlaga Pait, kang dumunung ana ing rute terusan, uga kaanan lemah kang warata. Pangyasa terusan iki diusulaké déning insinyur diplomat Prancis, Ferdinand de Lesseps, kang olèh idin saka Said Pasha kanggo nggawé lan ngoprasèkaké terusan ing sajeroning mangsa 99 taun. Prusahaan Terusan Suèz (Compagnie Universelle du Canal Maritime de Suez) banjur diwangun. Konstruksi merlokaké wektu 11 taun, lan terusan iki dibuka ing 17 November 1869. Terusan iki duwé prabawa kang luar biyasa lan lamgsung tumrap perdagangan donya.

Ing taun 1956, Présidhèn Mesir Gamal Abdel Nasser mbiwara nasionalisasi Terusan Suèz, kang banjur nuwuhaké Krisis Suèz. Sajeroning perang Arab-Israèl taun 1967, terusan ditutup, lan dibuka manèh ing taun 1975.

Saiki, Terusan iki minangka panghubung kang wigati ing perdagangan donya lan mènèhi sumbangan kang wigati tumrap ékonomi Mesir.

Uga delengen

[besut | besut sumber]
  • Plabuhan Suèz

Pranala njaba

[besut | besut sumber]

Koordinat: 29°58′N 32°33′E / 29.967°N 32.550°E / 29.967; 32.550


{{bottomLinkPreText}} {{bottomLinkText}}
Suèz
Listen to this article

This browser is not supported by Wikiwand :(
Wikiwand requires a browser with modern capabilities in order to provide you with the best reading experience.
Please download and use one of the following browsers:

This article was just edited, click to reload
This article has been deleted on Wikipedia (Why?)

Back to homepage

Please click Add in the dialog above
Please click Allow in the top-left corner,
then click Install Now in the dialog
Please click Open in the download dialog,
then click Install
Please click the "Downloads" icon in the Safari toolbar, open the first download in the list,
then click Install
{{::$root.activation.text}}

Install Wikiwand

Install on Chrome Install on Firefox
Don't forget to rate us

Tell your friends about Wikiwand!

Gmail Facebook Twitter Link

Enjoying Wikiwand?

Tell your friends and spread the love:
Share on Gmail Share on Facebook Share on Twitter Share on Buffer

Our magic isn't perfect

You can help our automatic cover photo selection by reporting an unsuitable photo.

This photo is visually disturbing This photo is not a good choice

Thank you for helping!


Your input will affect cover photo selection, along with input from other users.

X

Get ready for Wikiwand 2.0 🎉! the new version arrives on September 1st! Don't want to wait?