For faster navigation, this Iframe is preloading the Wikiwand page for Séndhok.

Séndhok

Séndhok mangan
Jinising séndhok

Séndhok yaiku piranti kanggo mangan. Sendhok lumrahé digunakaké kanthi pasangan karo garpu.[1] Séndhok duwé wujud oval utawa bunder rada lonjong, nanging séndhok duwé gowakan ing tengahé.[1] Gowakan iki gunané kanggo wadhah panganan kang bakal dicidhuk.[1] Saliyané duwé bunderan rada lonjong ing sisih liyané sendhok duwé gagang.[1] Gagang séndhok gunané kanggo nyekeli nalika séndhok lagi dianggo.[1] Ing Indonésia séndhok lumrahé dicekel ing tangan tengen kanggo njupuk panganan saka piringutawa mangkok.[1] Séndhok kanggo njupuk panganan banjur lebokaké ing cangkem.[1] Déné tangan kang kiwa nyekeli garpu. Garpu duwé fungsi kanggo mbiyantu nglebokaké lan nata panganan ing séndhok.[1] Séndhok bisa digawé saka logam.[1], nanging uga kena digawé karo matèri utawa bahan liyané. Nalika jaman biyèn séndhok digawé saka kayu.[1] Saliyané iku ana uga séndhok kang digawé saka plastik.[1] Séndhok uga kena kanggo terapi. Terapi iki gunané kanggo kaséhatan.[2]

Jinis séndhok

[besut | besut sumber]

Tembung séndhok lumrahé duwé teges séndhok kang kanggo mangan.[1] Nanging saliyané iku ana jinis sèndhok liyané.[1] Jinis sèndhok iki dibagi miturut gunané sèndhok.[1]

  • Séndhok banyu yaiku sèndhok kang mirunggan digawé kanggo njupuk banyu.[1] Sendhok banyu iki diarani gayung.
  • Séndhok bèbèk yaiku sèndhok kang gagangé cekak, pérangan ngarep sendhok luwih cekung kaya sendhok biyasa.[1] Sèndhok iki dhapuré kaya cucuk bébék. Sendhok bébék gunané kanggo mangan bubur, stup buah, ès campur.[1]
  • Séndhok sega yaiku sendok kang gunané kanggo nyendhok sega.[1] Sendhok iki dhapuré rada lonjong lan luwih amba tinimbang sendhok liyané.[1] Sendhok sega gagangé rada cekak.[1] Sendhok sega uga diarani énthong.[1]
  • Séndhok pengedang yaiku sendhok kang minangka nyidhuk banyu panas saka tembikar.[1]
  • Séndhok sayur yaiku sendhok kang gunané kanggo nyendhok sayur kaya ta sop.[1] Sendhok jinis iki nduwéni gagang dawa lan dhapuré bunder lan rada ledhok.[1]
  • Séndhok tèh yaiku sendhok cilik kang gunané kanggo ngudheg ombénan kaya ta tèh.[1] Saliyané tèh sendhok iki uga kena kanggo ngudheg ombénan liyané kaya ta kopi, kopi susu, wédang jaé, lan liya-liyané.[1]
  • Séndhok semèn yaiku sendok kang digunakaké tukang yasan kang nggawé rabuk.[1]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa artikata.com(dipunundhuh tanggal 25 Juni 2011)
  2. gayahidup.liputan6.com(dipunundhuh tanggal 25 Juni 2011)


{{bottomLinkPreText}} {{bottomLinkText}}
Séndhok
Listen to this article

This browser is not supported by Wikiwand :(
Wikiwand requires a browser with modern capabilities in order to provide you with the best reading experience.
Please download and use one of the following browsers:

This article was just edited, click to reload
This article has been deleted on Wikipedia (Why?)

Back to homepage

Please click Add in the dialog above
Please click Allow in the top-left corner,
then click Install Now in the dialog
Please click Open in the download dialog,
then click Install
Please click the "Downloads" icon in the Safari toolbar, open the first download in the list,
then click Install
{{::$root.activation.text}}

Install Wikiwand

Install on Chrome Install on Firefox
Don't forget to rate us

Tell your friends about Wikiwand!

Gmail Facebook Twitter Link

Enjoying Wikiwand?

Tell your friends and spread the love:
Share on Gmail Share on Facebook Share on Twitter Share on Buffer

Our magic isn't perfect

You can help our automatic cover photo selection by reporting an unsuitable photo.

This photo is visually disturbing This photo is not a good choice

Thank you for helping!


Your input will affect cover photo selection, along with input from other users.

X

Get ready for Wikiwand 2.0 🎉! the new version arrives on September 1st! Don't want to wait?