For faster navigation, this Iframe is preloading the Wikiwand page for Manungsa.

Manungsa

ꦩꦤꦸꦁꦱ
Manungsa
Gambar Pioneer
Gambar priya lan wanita, dijupuk saka dokumentasi wahana Pioneer 11.
Klasifikasi èlmiah
Karajan:Animalia (Sato kéwan)
Filum:Chordata
Kelas:Mamalia
Ordo:Primata
Famili:Hominidae
Subfamili:Hominidae
Genus:Homo
Spesies:H. sapiens
Jeneng jinis
Homo sapiens
Linnaeus | 1758
Subspesies
Homo sapiens idaltu (cures)
Homo sapiens sapiens

Manungsa, wong, janma, utawa jalma bisa dimangertèni kanthi warna-warna, yaiku miturut biologis, rohani, lan istilah kabudayan. Miturut biologis, manungsa ingaran Homo sapiens, sawijining jinis primata saka golongan mamalia kang duwé utek lan kalantipan.

Ing babagan kajiwan, manungsa dijelentrèhaké nganggo konsèp jiwa kang duwé manéka warna, sajeroning agama, dimangertèni ing gayutané karo kakuwatan katuhanan utawa makluk urip; sajeroning mitos, manungsa uga kerep dibandhingaké antara ras siji lan liyané. Sajeroning èlmu antropologi kabudayan, manungsa dijelasaké dhedhasar basané, organisasi manungsa sajeroning masarakat majemuk sarta tuwuhing teknologi, lan mligi dhedhasar kamampuan yasa golongan lan lembaga kanggo panyengkuyung siji lan liyané sarta awèh lan nampa pitulung.

Panggolongan manungsa kang paling utama yaiku dhedhasar jinis kelamin. Lumrahe, jinis kelamin anak kang lagi lair iku lanang utawa wadon. Wong enom lanang dikenal minangka putra lan sawisé ngancik diwasa dadi priya. Bocah enom wadon diarani putri lan sawisé ngancik diwasa banjur diarani wanita.

Panggolongan liyané yaiku dhedhasar umur, wiwit saka janin, bayi, balita, bocah, nom-noman, akil balik, nom-noman/i, diwasa, lan (wong) tuwa.

Saliyané iku isih akèh panggolongan-panggolongan liyané, dhedhasar ciri-ciri fisik (warna kulit, rambut, mata; wangun irung; dhuwur awak), afiliasi sosio-pulitik-agama (penganut agama/kapercayan XYZ, warga nagara XYZ, anggota parté XYZ), gayutan kekerabatan (kulawarga: kulawarga cedhak, kulawarga adoh, kulawarga tiri, kulawarga angkat, kulawarga asuh; kanca; mungsuh) lan sapanunggalané.

Tokoh iku istilah kanggo wong kang misuwur (upamané 'tokoh pulitik', 'tokoh filem', 'tokoh kang nampa bebungah', lsp).

Janin kang umuré lagi limang minggu

Raga/Fisik

[besut | besut sumber]

Wujud fisik manungsa béda-béda miturut faktor keturunan, lingkungan, budaya uga gizi panganan. Ukuran racaké (rata-rata) yaiku antara: dhuwur 160 cm nganti 180 cm, bobot 45 kg nganti 80 kilogram. Kelir kulit uga béda-béda miturut iklim habitate. Lumrahé variasi kelir antara ireng nganti putih rada abang. Fisik manungsa ketata saking rangka balung, daging nganti kulit ing pérangan jaba.

Mangga Pirsani

[besut | besut sumber]
  • Manungsa Purba
{{bottomLinkPreText}} {{bottomLinkText}}
Manungsa
Listen to this article

This browser is not supported by Wikiwand :(
Wikiwand requires a browser with modern capabilities in order to provide you with the best reading experience.
Please download and use one of the following browsers:

This article was just edited, click to reload
This article has been deleted on Wikipedia (Why?)

Back to homepage

Please click Add in the dialog above
Please click Allow in the top-left corner,
then click Install Now in the dialog
Please click Open in the download dialog,
then click Install
Please click the "Downloads" icon in the Safari toolbar, open the first download in the list,
then click Install
{{::$root.activation.text}}

Install Wikiwand

Install on Chrome Install on Firefox
Don't forget to rate us

Tell your friends about Wikiwand!

Gmail Facebook Twitter Link

Enjoying Wikiwand?

Tell your friends and spread the love:
Share on Gmail Share on Facebook Share on Twitter Share on Buffer

Our magic isn't perfect

You can help our automatic cover photo selection by reporting an unsuitable photo.

This photo is visually disturbing This photo is not a good choice

Thank you for helping!


Your input will affect cover photo selection, along with input from other users.

X

Get ready for Wikiwand 2.0 🎉! the new version arrives on September 1st! Don't want to wait?