For faster navigation, this Iframe is preloading the Wikiwand page for Kabupatèn Jombang.

Kabupatèn Jombang

Jombang
كَبُڤَتَينْ جَومْبَڠْ
ꦏꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦗꦺꦴꦩ꧀ꦧꦁ
Kabupatèn

Lambang
Sesanti: Jombang Beriman (Bersih, Indah, dan Nyaman)

Pernahé Jombang ing Jawa Wétan
NagaraIndonésia
ProvinsiJawa Wétan
Dina Dadi1910 (asli)
1950 (ukum)
Kutha krajanJombang
Pamaréntahan
 • BupatiDr. Ec. H. Nyono Suharli Wihandoko
 • Wakil BupatiHj. Mundjidah Wahab, B.A.
Laladan
 • Gunggung1,159,50 km2 (0,44.769 sq mi)
Cacah warga (Sènsus 2015)
 • Gunggung1,240,985
 • Pepadhet1,1/km2 (2,8/sq mi)
Bebrayan
 • WongJawa, Madura, Arab, Cina dll.
 • BasaJawa, Madura lan Indonesia
 • KepercayanIslam 97.35%
Kristen Protestan 1.63%
Katulik0.53%
Hindu 0.33%
Buddha 0.09%
Konghucu 0.07%
Zona wektuWIK (UTC+7)
Kodhe pos61400
Kodhe laladan(+62) 321
Plat montorS
Situs wèbwww.jombangkab.go.id
(ing basa Indonésia)

Kabupatèn Jombang (Carakan: ꦏꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦗꦺꦴꦩ꧀ꦧꦁ, Pegon: كَبُڤَتَينْ جَومْبَڠْ), iku kabupatèn ing Provinsi Jawa Wétan. Kutha krajané Jombang. Jembar wewengkon kabupatèn iki 1.150 km². Jombang iku ana ing tengah-tengah wewengkoné Provinsi Jawa Wétan, kira-kira 80 km saka Surabaya.

Kahanan topografi Kutha Jombang sapèrangan ageng nuduhaken wilayah papan kang datar, wondene wates administrasi inggih punika:

Sisih Lor        : Desa Banjar Dowo lan Kecamatan Tembèlèng

Sisih Kidul     : Kecamatan Diwęk lan Jogoroto (menawi samenika wonteng ing Ngayugyakarta, Kecamatan punika dipun wastani Kapanewon)

Sisih Kulon    : Kecamatan Perak

Sisih Wetan  : Kecamatan Peterongan[1]

Jombang misuwur diarani Kutha Santri, amarga akèh pondhok pasantrèn ana ing kutha iki.

Akèh wong misuwur Indonésia asalé saka Jombang, antarané manten Présidhèn Indonésia K.H. Abdurrahman Wahid (Gus Dur), pahlawan nasional K.H. Hasyim Asy'ari lan KH Wahid Hasyim, Nurcholis Madjid (Cak Nur), Emha Ainun Najib (Cak Nun), Kapolri Timur Pradopo, Mantri Perindustrian M.S. Hidayat, karo Muhaimin Iskandar.

Sajarah

[besut | besut sumber]

Pas jamané Karajan Majapahit, Jombang dadi bates sisih kulon kraton iki. Amarga iku, saiki akèh sisa-sisa tilas Karajan Majapahit ana ing Jombang, salah sawijining yaiku Candhi Ngrimbi. Nganti saiki, ana puluhan panggonan ing Jombang sing nganggo tembung Maja-. Taun 1811, diwangun Kabupatèn Mojokerto, lha Jombang kalebu salah sawijining kawedanan. Taun 1910, Jombang ngadeg dadi kabupatèn dhéwé. Bupati kapisan yaiku Radèn Adipati Arya Soeroadiningrat.

Géografi

[besut | besut sumber]

Ana ing lor kewatesan karo Kabupatèn Lamongan, wétan karo Kabupatèn Mojokerto, kidul karo Kabupatèn Kadhiri lan Kabupatèn Malang, lan kulon karo Kabupatèn Nganjuk. Kira-kira 70% wewengkon Kabupatèn Jombang duwi dhataran cendhèk, sing kasebar ana ing sisih tengah. Ana ing sisih lor, ana perbukitan sing ora sepira dhuwur. Ana sing sisih kidul-wétan, ana pagunungan. Kabupatèn Jombang diliwati Kali Brantas ing sisih lor.

Papréntahan

[besut | besut sumber]

Kabupatèn Jombang ketata saking 21 kacamatan, 302 kalurahan lan 4 désa. Kacamatan-Kacamatan ing kabupatèn iki yaiku:

Bupati Jombang periode 2013-2018, Drs. Ec. H. Nyono Suharli W dipocot saka kalungguhané amarga kena prakara suwap[2], banjur diganteni wakilé yaiku Hj. Mundjidah Wahab. Pamaréntah Kabupatèn Jombang iku ana Sekretariat Laladan, Sekretariat DPRD, 13 Dinas Laladan, lan 11 Lembaga Teknis Laladan.

Deleng uga

[besut | besut sumber]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]

Jawa Wétan


  1. "Kabupaten Jombang" (PDF). 2021-10-11. Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2021-10-22. Dibukak ing 2021-10-11.
  2. Erdianto, Kristian (2018-02-4). "Kronologi Operasi Tangkap Tangan Bupati Jombang Terkait Kasus Suap". Kompas.com. Dibukak ing 2024-09-02. ((cite web)): Check date values in: |date= (pitulung)
{{bottomLinkPreText}} {{bottomLinkText}}
Kabupatèn Jombang
Listen to this article

This browser is not supported by Wikiwand :(
Wikiwand requires a browser with modern capabilities in order to provide you with the best reading experience.
Please download and use one of the following browsers:

This article was just edited, click to reload
This article has been deleted on Wikipedia (Why?)

Back to homepage

Please click Add in the dialog above
Please click Allow in the top-left corner,
then click Install Now in the dialog
Please click Open in the download dialog,
then click Install
Please click the "Downloads" icon in the Safari toolbar, open the first download in the list,
then click Install
{{::$root.activation.text}}

Install Wikiwand

Install on Chrome Install on Firefox
Don't forget to rate us

Tell your friends about Wikiwand!

Gmail Facebook Twitter Link

Enjoying Wikiwand?

Tell your friends and spread the love:
Share on Gmail Share on Facebook Share on Twitter Share on Buffer

Our magic isn't perfect

You can help our automatic cover photo selection by reporting an unsuitable photo.

This photo is visually disturbing This photo is not a good choice

Thank you for helping!


Your input will affect cover photo selection, along with input from other users.

X

Get ready for Wikiwand 2.0 🎉! the new version arrives on September 1st! Don't want to wait?