For faster navigation, this Iframe is preloading the Wikiwand page for Ikea.

Ikea

Toko IKEA ing Groningen, Walanda.

IKEA iku sawijining toko prabotan kanggo isi omah saka nagara Swèdhen. Ing mangsa anyep 2004, wis ana 202 toko IKEA ing 32 nagara ing donya lan watara 20 manèh kang bakal dibukak ing taun 2005. Katalog IKEA kang isiné info produk IKEA dikira-kira minangka buku kang pendistribusiané paling akèh kaloro sawisé Alkitab lan racaké direvisi saben sasi Agustus. Nganti saiki IKEA durung ndarbèni toko ing Indonesia.

Pangucapan IKEA ya iku /i'ke.a/ kaya déné cara maca basa Indonesia nanging pangucapan liyané kang uga kerep dipigunakaké ya iku /aɪ'ki:ə/ kaya déné tembung basa Inggris, idea.

Sajarah

[besut | besut sumber]
Peta negara-negara yang mempunyai cabang IKEA
Petunjuk:      Memiliki toko IKEA      Sedang dibangun/direncanakan      Former market locations      Tidak ada/direncanakan toko IKEA

Perusahaan ini diyasa déning Ingvar Kamprad taun 1943 wektu dhèwèké isih umur 17 taun kang saiki wis dadi salah siji milyunèr ing donya. IKEA iku cekakan saka jenengé, Ingvar Kamprad; panggonan dilairaké, Elmtaryd; lan désané, Agunnaryd.

Wiwitané, IKEA dodol warna-warna barang, saka pulpèn, dompèt, bingkai foto, nganti tekan arloji. Prabotan wiwit lumebu sajeroning pratélan ing taun 1947 lan IKEA wiwit ngrancang dhéwé taun 1955.

Cara dodolané, wiwitané liwat pos, banjur siji toko dibukak ing Älmhult kang banjur dadi model toko IKEA kanggo saterusé. Tanggal 23 Maret 1963, toko IKEA pisanan ing jaba Swèdhen dibukak ing Asker, cedhak Oslo, Nurwègen.

Produk IKEA dikenal kanthi rancangané kang modern lan kadhangkala kagolong anèh. Salah siji prinsip IKEA ya iku ngurangi rega kanthi manéka cara tanpa ngurangi kualitas. Bab iki bisa dideleng ing toko-toko IKEA lan ing katalogé, wujud pitakonan kaya: "Kenapa IKEA ngadol tanpa dirakit?" utawa "Kenapa IKEA nggawé akèh-akèhan?" utawa "Kenapa ora biyasa?". Jeneng-jeneng produk IKEA uga unik banget lan ora biyasa.

Toko IKEA akèh-akèhé awangun balok biru kang gedhé kanthi jendhela kang minim. Penataan tokoné, biyasa diatur saéngga pengunjung teka lan lumebu pérangan ruang pamèr kanggo ndeleng warna-warna produk, nuli menyang market-hall, panggonan barang-barang cilik, terus menyang gudhang kanggo njupuk perabot kang arep dituku lan pungkasané tekan kasir. Jalur kang digawé ngarahaké pengunjung supaya ngliwati saindhenging toko lan ana uga dalan pintas kang rada cilik. Ing tlatah Asia Pasifik sawatara iki durung akèh tinemu toko IKEA, kang wis ana ya iku ing Australia, Cina, Jepang, Hongkong, Taiwan lan Singapura.

Lumrahé, toko dumadi saka rong tingkat kanthi ruang pamer lan market-hall ing pérangan dhuwur lan gudang ing ngisor. Kadhangkala, ana uga restoran kang dodol panganan Swèdhen kalebu Bakso Swèdhen kang khas.

Uga delengen

[besut | besut sumber]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]
{{bottomLinkPreText}} {{bottomLinkText}}
Ikea
Listen to this article

This browser is not supported by Wikiwand :(
Wikiwand requires a browser with modern capabilities in order to provide you with the best reading experience.
Please download and use one of the following browsers:

This article was just edited, click to reload
This article has been deleted on Wikipedia (Why?)

Back to homepage

Please click Add in the dialog above
Please click Allow in the top-left corner,
then click Install Now in the dialog
Please click Open in the download dialog,
then click Install
Please click the "Downloads" icon in the Safari toolbar, open the first download in the list,
then click Install
{{::$root.activation.text}}

Install Wikiwand

Install on Chrome Install on Firefox
Don't forget to rate us

Tell your friends about Wikiwand!

Gmail Facebook Twitter Link

Enjoying Wikiwand?

Tell your friends and spread the love:
Share on Gmail Share on Facebook Share on Twitter Share on Buffer

Our magic isn't perfect

You can help our automatic cover photo selection by reporting an unsuitable photo.

This photo is visually disturbing This photo is not a good choice

Thank you for helping!


Your input will affect cover photo selection, along with input from other users.

X

Get ready for Wikiwand 2.0 🎉! the new version arrives on September 1st! Don't want to wait?